Jumat, 03 Februari 2012

Luruh Pelem Bosokan

“Luruh duwit mah gampang, Ma! Asal gelem metu sing umah bae pasti olih duwit!” jare Ny. Tarkunah bari masak sega ning dapur.
“Terus arepan apa lunga sing umah? Nyolong duwit uwong, konon?” jawab Onyon, lagi dikrodong sarung.
“Aja nyolong! Doraka! Mana gah luruh pelem bosok ning kebon. Lumanyan baka olih akeh pasti bakal olih duwit.”
“Ari Mimi, kenapa kudu luruh pelem bosokan. Ngemet bae pelem sing bener, bli apa-apa. Bagen ana sing duwe gah, kader ge ribuan wiwitan pelem ana ning kampung kita.”
“Aja Ma! Aja mengkonon! Doraka. Baka ketangguan Wak Kaji Caskam alamat sampeyan dilaporaken ning polisi. Mengko ditaham.”
Ya wis baka mengkonon mah sukiki bada Subuh Mama karo si Bontot arep luruh pelem bosokan ning kebone Wak Kaji Caskam. Mengko daging pelem sing bosoke dibuang, ari sing benere diolah dadi manisan mangga atawa dodol mangga. Baka peloke kanggo apa?
“Peloke bisa ditandur kanggo bibit. Atawa peloke bisa diedol ning bakul,” jare Ny. Tarkunah.
Sing awit bada solat Isa sampe tekang pukul dua esuk udan turun bli mari mari. Gledeg, kilat lan angin matak wedhi lan ngenes. Listrik uga mati tekang esuk. Umah Onyon kebanjiran, lantaran gendenge pada mabur kesembur angin.
Saking wedhine tengah bengi peteng lan udan badag, Onyon karo si Cenang lan si Bontot kalah nembang:
Udan gage mari,
Angin gage lunga,
Gledeg gage mlayu,
Kula pengen turu
Ngerungu ana sing nembang Ny. Tarkunah sing lagi dedonga nyewot bari balangaken panci: “Kurang ajar! Sing eling! Sing eling! Masa bengi bengi kalah nembang. Nyebut! Nyebut! Nyebut!”
Onyon lan anak-aneka kalah nembang maning. “Nyebut! Nyebut! Nyebut! Nyebut!”
Ny. Tarkunah: “Maksude kita mah baca Istigfar, Subhanallah, Allahu Akbar!”
“Ya wis lantaran sedela maning arep Subuh, turu dingin sedela. Menggko kita gawa kandek luruh pelem bosokan ya! Los gage turu sira Nang!” jare Onyon.
Bada solat Subuh Onyon karo si Bontot gawa kandek kosong. Tolih lunga nuju meng kebon pelem deke Wak Kaji Caskam, kaji sing paling sugih peleme ning desae. Mbuh ana pirang puluh hektar tanah di pinggiran Cimanuk sing ana wiwitan peleme.
Nembe ge srog manjing ning kebon buah pelem katon pating blaratan. Gage bae dianjingaken meng kandek. Bli suwe mung satengah jam kandek roro wis kebek diisi pelem beneran sing bengie murag kenang angin.
“Alhamdulillaaaah. Kita bakal olih duwit . Pelem bener arep tak dol meng pasar!” jare Onyon.
Bli suwe Wak Kaji Caskam teka. “Nyon sira nyolong pelem deke reyang ya!”
Onyon: “Dudu olih nyolong Wak! Kih pelem olih ngemet sing duwur suket, pelem murag bengie kenang angin,”
Wak Kaji Caskam. “Wis aja akeh omong. Lantaran pelem sing ana ning jero kandek iku pelem bener, bloli digawa balik ning sira. Baka pelem bosokan mah arep se truk uga los bae. Sekiyen gage kandek anjingaken meng mobil reyang.”
Onyon: “Tolih peleme arep dituku ning Wak Kaji? Endi duwite, dua kandek ana seket kiloe Wak?”
Wakl Kaji Caskam: “Pelem sing olih luruh sira mah mengko diganti karo pelem bosokan. Tonggoni sedela kita arep balik meng umah dipit ngemet pelem bosokan ning gudang, Ya!”
Onyon karo si Bontot manyuuun.
undang
 http://tabloid-mh.blogspot.com/2012/01/guyon-dermayon-luruh-pelem-bosokan.html

Mau dengerin musik ??? Klik ajah tombol play yang segitiga itu lho :D mangga di pilih ajah

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Facebook Themes